Rabu, 24 Mei 2017

Djuanda Dadi Seksi II



DJUANDA DADI SEKSI II
(Ana Cerita Rinajut Endah Ing Godhong Jati)
                                    Karya: Rika Andriani
“Duh…Hyang Widi ingkang Maha Agung lan Maha Pirsa…
Ing ratri iki, ing sangisore kartika lan badra dak sastra nawula kanggo siro ingkang tebih saking sesawangan, ing angen tansah ngalambara sira…
Kelingan rikala ing Djuanda dadi saksi aku lan sliramu… Sliramu janji bakal ngenteni baliku ing tlatah Jawa lan tansah ngenteni jawabku…
Nalika wus rong mangsa ketiga aku ana ing tlatah Kalimantan iki ngabdi dadi guru kanggo mulang bocah-bocah ana ing pedalaman susah-seneng dak lakoni kanthi ikhlas ati adoh saka mbah lan sliramu sing dak tresnani. Saben-saben dak ucap pandonga kanggo mbah lan sliramu, panjaluk marang Gusti supaya mbah lan sliramu ana ing pangayome Gusti Allah.
Kang mas… Aku kangen marang sliramu, aku bakal bali ing tlatah Jawa ing telung mangsa ketiga.”
            Lintang lan badra wes ora katon maneh, srengenge surya mulai katon saka etann disusul dhene kluruke pitek jago ana ing kandhang. Lumetese emun saka wit jati sing tumandur kang kokoh ana ing ngarep omah mers sing tak panggoni saklawase ing tlatah Kalimantan iki netesi tanganku sing tumadhah ngrasaake ademe lumetese embun, nanging isuk iki saya adem gak kaya biasane langit katon mendhung saya suwe grimis rintik-rintik. Dak cepetke lakuku menyang sekolahan SMP sing katon sederhana nanging para murid ing kene dhuweni semangat sinau sing bisa ngalahi murid ana ing kutha.
“Loh Dinda… isih isuk kok wes mruput menyang sekolahan, udan riwis-rieis kok ora gawe payung?”
“Eh… mas Bay, injih mas mesakaken lare-lare mas tasik injing pun kathah sing wontensekolahan, mas Bayu piyambak ajenge wonten pundi to mas?”
“Muleh saka omahe pak lurah, anake lagi lara panas”
“Oh… injih mas, njih mpun kula rumiyen njih, manga mas…”. Dak cepetke lakuku amerga udan saya kerep nganti lali yen ana mas Bayu. Mas Bayu iku dokter ana ing kampong kene, podho kaya aku mas Bayu asline saka tlatah Jawa nanging ana dinas menyang tlatah Kalimantan iki.
“Dinda…” keprungu swarane mas Bayu nyeluk jenengku dak mandekke lakuku lan dak sawang mas Bayu rada keplayu marani aku sing jarake wis ana sepuluh meteran saka anggone mau.
“Dalem mas, wonten napa maleh njih?” ucapku sinambi tanganku mayungi wajahu saka banyu udan.
“Aduh… Dinda mengko laky o teles kabeh ora gawe payung”
“Mboten napa-napa mas, pun celak kok”. Dak sawang mas Bayu kaya lagi golek apa-apa sing menawa bisa kanggo payungan, nanging ing sak piturute dalan iki ora ana apa-apa sing bisa kanggo payungan kaya godhong gedhang tuladhane. Mas Bayu mlayu menyang pinggir dalan tanpa aku weruh amerga aku ora pati ndelengake apa sing dilakoni mas Bayu. Ora weruh yen kayata mas Bayu wis ana ing sandingku sinambi mayungi aku nganggo godhong jati sing wis ana ing dhuwur sirahku dicekeli  marang mas Bayu, aku rada guyu nguasi iku.
“Oalah mas Bayu niki kok wonten wae to idene” ucapku sinambi guyu.
“Hehehe… anae mung godhong jati iki Din kanggo mayungi sampeyan, nadyan ora pati ombo saorane lumetese banyu udan ora ngenani Dinda kabeh”. Dak wasi mas Bayu, eseme lan dak dheleng sorot netrane aku kaya weruh ana ketulusan ing mengkono.
“Injih mas Bayu, matur suwon sanget, loh… lha, tapi mas Bayu mengke lak njih teles mayungi Dinda?”
“Ah… ora apa-apa, wis ayo murid-muridmu must iwis ngenteni gurune iki, ayo Dinda”
Aku mung mesem gone mas Bayu sinambi bebarengan, sesandingan mlaku menyang papan sekolahan sing jarake wis kari wolung puluhan meter maneh.
            Bener wae ing sekolahan wis akeh bocah-bocah sing lungguh anteng ngenteni tekaku padahal iki durung jam masuk. “Selamat pagi Bu Dinda…”, ucape bebarengan murid-muridku, aku mesem lan dak jawab sinambute bocah-bocahn iku. Kaya biasane pelajaran lancar nganti jam muleh, amerga wis ora sing bisa dak lakokake ing sekolhan aku bali manyang mers durung nganti aku mlebu isih ing pelataran, saka mburi wis ditututi marang mbak Marni kanca sak mersku.
“Dinda, iki lho maeng ana pak pos teko, ana layang kanggo sampeyan Din”
“Oh injih mbak, matur suwon sanget, manga mbak mlebet”
“Din, sampeyan sido kapan bali menyang Jawa?”
“Insyaallah wulan ngarep mbak”
“Oalah aku lak ya neng kene dewekan yen sampeyan bali”
“Njih mboten to mbak, kan mengke wonten pengganti kula wonten mriki.”
Dak bukak amplop putih lan dak waca layang saka mas Bagus.
“Wus rong mangsa ketiga dak enteni balimu, ora nate ksel angenku mbayangake sliramu.
Ing lingsir wengi saben-saben ora tau jenak yen kelingan sliramu, ing sujudku dak ucap pandonga marang Gustu kanggo Dinda sing adoh saka sesawangan nanging krasa cedak ing kalbu…
Kangen sing tak rasaake kaya dhene godhong jati sing gogrok saka wite ing mangsa ketiga, nanging justru kangen iku sing wis gawe aku kuat, kangen iki ora mateni nanging kangen iki gawe tambahing tresnaku marang Dinda…
Yen ing telung mangsa ketiga Dinda bali, dak enteni tekane Dinda ing Djuanda.”
            Banyu mangsa rendheng kaya-kaya wis asat, ing mega wis ora ana banyu udan kang lumetes sing dhadeake lemah musti teles ora, krasa yen mangsa ketiga wis teko nandaake wis wayahe aku bali menyang tlatah Jawa kaya janjiku marang kang mas Bagus. Isuk iki ing pelataran wis ana mobil Kijang sing bakal ngeterake aku menyang Tarakan. Aku bola-bali ora pati jenak amerga wong sing dak enteni durung neng kene yaiku mas Bayu, mas Bayu janji bakal nyambangi aku sak durunge aku mangkat menyang bandara, nanging nganti seprene aku durung weruh mas Bayu ana ing mengkene.
“Dinda, ati-ati ya, jo lali marang aku neng kene, sering-sering kirim laying utawa telfon yen ana wektu mrene maneh ya”. Pituture mbak Marni sinambi ngrangkul aku mlaku menyang teras. Dak sawang wis akeh wong-wong sing arep dak pamiti, murid-muridku ya akeh sing neng mengkene, salah siji muridku nyedak lan ngewenehi kotak bungkusan ijo pupus isine kanggo kenang-kenangan, dak salami kabeh wong sing ana ing kene, rasane abot ninggalake tlatah ki luwih abot saka pisanan aku arep mangkat mrene.
            Dak sawang wit jati sing tumandur ing pelataran, ngelengake aku marang mas Bayu, panggonan pisanan aku ketemu lan kenal mas Bayu sing wektu iku weruh aku ing pelataran takon papan panggonanne mbak Marni, ora weruh yen kayata panggonane mbak Marni wis ditemokake. Dak langkahake menyang mobil moro-moro mas Bayu kayata wis mrene cepet-cepet nyedaki aku. Aku mesem lega wis anan mas Bayu sak durunge aku mangkat.
“Din, sepurane aku mentas bisa mrene aku rada akeh pasien ing puskesmas sing ora bisa tak tinggal”. Ucape mas Bayu dak sawang katon kesel babar mlayu-mlayu mrene.
“Injih mas, mboten napa-napa, Dinda bungah tasik saget ketemu mas Bayu sak derange Dinda mangkat, Dinda pamit njih”
“Iya Dinda… isih bisa ketemu Dinda saorane aku ora bakal gelo, ati-ati Din”. Sawise pamitan marang mas Bayu aku mlebu mobil sing lawange wis dibukakake dene Pak Pur, sopir sing bakal ngeterake aku. Rasane ing ati isih abot ninggalake tlatah iki, sak durunge sempat aku mlebu mas Bayu nyeluk aku maneh
“Dinda… aku bakal sowan menyang omahe Dinda yen aku wis bali menyang tlatah Jawa, aku janji Din, entenono aku”
“Injih mas, Dinda rantos mas Bayu”. Aku mesem dak lambekake tanganku marang wong-wong ing mengkene lan mas Bayu.
            Wis ana sewulan aku bali menyang omah tlatah Jawa, nanging kayata ora kaya sing dak impekne, mas Bagus wis ora kaya mbiyen, iki kayata sing kudu dak trima oranate tak piker yen mas Bagus secepet iku nandur tresno marang wong liya yaiku marang Eny. Aku lagi ngerti saka mas Fikri weruh dewe yen mas Bagus lan Eny dhuweni sesambungan sing raket. Aku isih ileng wulan kepungkur mas Bagus ngenteni tekaku ing Djuanda, isih ileng marang layang-layang sing dikirim kanggo aku, isih kelingan biyen jaluk pangapuraku amerga wis ninggalake aku. Atiku tansaya rengka yen kelingan cerita-cerita biyen aku lan mas Bagus lumetes iluhku nelesi pipi, nyatane mas Bagus ora kena dipercaya nanging, iki pancen sing kudu dak tampa mas Bagus dudu jodoku sing wis katulis ing lauh mahfuz.
Sesambungan sing ana ing antarane dhewe iki ora kaya wit jati singiso kuat ing mangsa ketiga, nanging kaya wohe randu sing mletek mabul-mabul keterak angina ilang.
Aku salah dhuweni pangarepan marang sliramu, dak enteni piro suwene myatane ora kaya sing tak impekake. Sliramu nate nandur janji marang aku nganti saiki isih tak ileng janjimu nanging sliramu musti lungikar limiting ukara.
Wes tak coba ngerteni sliramu, tak jaga ati iki nanging sliramu ora nate ngerti… ngerti ora yen aku nate netesake iluhku yen ileng janjimu biyen? Ngerti ora yen aku isih dhuweni rasa marang sliramu nanging rasa iki wis dadi siji karo lara atiku.
Ora gampang kanggo aku njabut rasa iki, ora segampang nek mu njabut telo ana ing kebun. Ngene iki yen aku wes kandha opo sing bakal kok lakokake kanngge aku? Ning atiku wis kadung renok rempu, nek mu jaluk sepura gampang, nek mu ngucap janji gampang, nanging ing nyatane kuwi kabeh ora ana apa-apane.
Siji panjalukku aja sok ngumbar janji yen nyatane sliramu ora bisa, aja ngwenehi pangarepan marang wong yen mbesoke kok tinggalake.”
            “Din, matur suwon sliramu wis ngwenehi aku kesempatan wis gelem ngwenehi secuil driyamu kangge aku. Aku ora bisa janji yen aku ora ngelarani panggalihmu nanging aku bakal usaha ora nganti dadekake panggalihmu tansah rengka amerga katresnaku marang sliramu gedhe lan bakal kuat kaya dhene wit jati. Wit klapa sing dak tandur pirang tahun kepungkur bakale semampir ing ngarep omahmu lan kita miwiti urip kang anyar, bebarengan ngadepi susah seneng sendingan saklawase nganti kita bisa dadi siji ing akhirat. Insyaallah Gusti ngestoake aku lan sliramu. Bayu lan Dinda”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar