DJUANDA
DADI SEKSI II
(Ana
Cerita Rinajut Endah Ing Godhong Jati)
Karya: Rika
Andriani
“Duh…Hyang
Widi ingkang Maha Agung lan Maha Pirsa…
Ing
ratri iki, ing sangisore kartika lan badra dak sastra nawula kanggo siro
ingkang tebih saking sesawangan, ing angen tansah ngalambara sira…
Kelingan
rikala ing Djuanda dadi saksi aku lan sliramu… Sliramu janji bakal ngenteni
baliku ing tlatah Jawa lan tansah ngenteni jawabku…
Nalika
wus rong mangsa ketiga aku ana ing tlatah Kalimantan iki ngabdi dadi guru
kanggo mulang bocah-bocah ana ing pedalaman susah-seneng dak lakoni kanthi
ikhlas ati adoh saka mbah lan sliramu sing dak tresnani. Saben-saben dak ucap
pandonga kanggo mbah lan sliramu, panjaluk marang Gusti supaya mbah lan sliramu
ana ing pangayome Gusti Allah.
Kang mas… Aku kangen marang
sliramu, aku bakal bali ing tlatah Jawa ing telung mangsa ketiga.”
Lintang
lan badra wes ora katon maneh, srengenge surya mulai katon saka etann disusul dhene
kluruke pitek jago ana ing kandhang. Lumetese emun saka wit jati sing tumandur
kang kokoh ana ing ngarep omah mers sing tak panggoni saklawase ing tlatah
Kalimantan iki netesi tanganku sing tumadhah ngrasaake ademe lumetese embun,
nanging isuk iki saya adem gak kaya biasane langit katon mendhung saya suwe
grimis rintik-rintik. Dak cepetke lakuku menyang sekolahan SMP sing katon
sederhana nanging para murid ing kene dhuweni semangat sinau sing bisa ngalahi
murid ana ing kutha.
“Loh Dinda… isih isuk kok wes mruput menyang
sekolahan, udan riwis-rieis kok ora gawe payung?”
“Eh… mas Bay, injih mas mesakaken lare-lare mas
tasik injing pun kathah sing wontensekolahan, mas Bayu piyambak ajenge wonten
pundi to mas?”
“Muleh saka omahe pak lurah, anake lagi lara panas”
“Oh… injih mas, njih mpun kula rumiyen njih, manga
mas…”. Dak cepetke lakuku amerga udan saya kerep nganti lali yen ana mas Bayu.
Mas Bayu iku dokter ana ing kampong kene, podho kaya aku mas Bayu asline saka
tlatah Jawa nanging ana dinas menyang tlatah Kalimantan iki.
“Dinda…” keprungu swarane mas Bayu nyeluk jenengku
dak mandekke lakuku lan dak sawang mas Bayu rada keplayu marani aku sing jarake
wis ana sepuluh meteran saka anggone mau.
“Dalem mas, wonten napa maleh njih?” ucapku sinambi
tanganku mayungi wajahu saka banyu udan.
“Aduh… Dinda mengko laky o teles kabeh ora gawe
payung”
“Mboten napa-napa mas, pun celak kok”. Dak sawang
mas Bayu kaya lagi golek apa-apa sing menawa bisa kanggo payungan, nanging ing
sak piturute dalan iki ora ana apa-apa sing bisa kanggo payungan kaya godhong
gedhang tuladhane. Mas Bayu mlayu menyang pinggir dalan tanpa aku weruh amerga
aku ora pati ndelengake apa sing dilakoni mas Bayu. Ora weruh yen kayata mas
Bayu wis ana ing sandingku sinambi mayungi aku nganggo godhong jati sing wis
ana ing dhuwur sirahku dicekeli marang
mas Bayu, aku rada guyu nguasi iku.
“Oalah mas Bayu niki kok wonten wae to idene” ucapku
sinambi guyu.
“Hehehe… anae mung godhong jati iki Din kanggo
mayungi sampeyan, nadyan ora pati ombo saorane lumetese banyu udan ora ngenani
Dinda kabeh”. Dak wasi mas Bayu, eseme lan dak dheleng sorot netrane aku kaya
weruh ana ketulusan ing mengkono.
“Injih mas Bayu, matur suwon sanget, loh… lha, tapi
mas Bayu mengke lak njih teles mayungi Dinda?”
“Ah… ora apa-apa, wis ayo murid-muridmu must iwis
ngenteni gurune iki, ayo Dinda”
Aku mung mesem gone mas Bayu sinambi bebarengan,
sesandingan mlaku menyang papan sekolahan sing jarake wis kari wolung puluhan
meter maneh.
Bener
wae ing sekolahan wis akeh bocah-bocah sing lungguh anteng ngenteni tekaku
padahal iki durung jam masuk. “Selamat pagi Bu Dinda…”, ucape bebarengan
murid-muridku, aku mesem lan dak jawab sinambute bocah-bocahn iku. Kaya biasane
pelajaran lancar nganti jam muleh, amerga wis ora sing bisa dak lakokake ing
sekolhan aku bali manyang mers durung nganti aku mlebu isih ing pelataran, saka
mburi wis ditututi marang mbak Marni kanca sak mersku.
“Dinda, iki lho maeng ana pak pos teko, ana layang
kanggo sampeyan Din”
“Oh injih mbak, matur suwon sanget, manga mbak
mlebet”
“Din, sampeyan sido kapan bali menyang Jawa?”
“Insyaallah wulan ngarep mbak”
“Oalah aku lak ya neng kene dewekan yen sampeyan
bali”
“Njih mboten to mbak, kan mengke wonten pengganti
kula wonten mriki.”
Dak bukak amplop putih lan dak waca layang saka mas Bagus.
“Wus
rong mangsa ketiga dak enteni balimu, ora nate ksel angenku mbayangake sliramu.
Ing
lingsir wengi saben-saben ora tau jenak yen kelingan sliramu, ing sujudku dak
ucap pandonga marang Gustu kanggo Dinda sing adoh saka sesawangan nanging krasa
cedak ing kalbu…
Kangen
sing tak rasaake kaya dhene godhong jati sing gogrok saka wite ing mangsa
ketiga, nanging justru kangen iku sing wis gawe aku kuat, kangen iki ora mateni
nanging kangen iki gawe tambahing tresnaku marang Dinda…
Yen ing telung mangsa ketiga Dinda
bali, dak enteni tekane Dinda ing Djuanda.”
Banyu
mangsa rendheng kaya-kaya wis asat, ing mega wis ora ana banyu udan kang
lumetes sing dhadeake lemah musti teles ora, krasa yen mangsa ketiga wis teko
nandaake wis wayahe aku bali menyang tlatah Jawa kaya janjiku marang kang mas
Bagus. Isuk iki ing pelataran wis ana mobil Kijang sing bakal ngeterake aku
menyang Tarakan. Aku bola-bali ora pati jenak amerga wong sing dak enteni
durung neng kene yaiku mas Bayu, mas Bayu janji bakal nyambangi aku sak durunge
aku mangkat menyang bandara, nanging nganti seprene aku durung weruh mas Bayu
ana ing mengkene.
“Dinda, ati-ati ya, jo lali marang aku neng kene,
sering-sering kirim laying utawa telfon yen ana wektu mrene maneh ya”. Pituture
mbak Marni sinambi ngrangkul aku mlaku menyang teras. Dak sawang wis akeh
wong-wong sing arep dak pamiti, murid-muridku ya akeh sing neng mengkene, salah
siji muridku nyedak lan ngewenehi kotak bungkusan ijo pupus isine kanggo
kenang-kenangan, dak salami kabeh wong sing ana ing kene, rasane abot
ninggalake tlatah ki luwih abot saka pisanan aku arep mangkat mrene.
Dak
sawang wit jati sing tumandur ing pelataran, ngelengake aku marang mas Bayu,
panggonan pisanan aku ketemu lan kenal mas Bayu sing wektu iku weruh aku ing
pelataran takon papan panggonanne mbak Marni, ora weruh yen kayata panggonane
mbak Marni wis ditemokake. Dak langkahake menyang mobil moro-moro mas Bayu kayata
wis mrene cepet-cepet nyedaki aku. Aku mesem lega wis anan mas Bayu sak durunge
aku mangkat.
“Din, sepurane aku mentas bisa mrene aku rada akeh
pasien ing puskesmas sing ora bisa tak tinggal”. Ucape mas Bayu dak sawang
katon kesel babar mlayu-mlayu mrene.
“Injih mas, mboten napa-napa, Dinda bungah tasik
saget ketemu mas Bayu sak derange Dinda mangkat, Dinda pamit njih”
“Iya Dinda… isih bisa ketemu Dinda saorane aku ora
bakal gelo, ati-ati Din”. Sawise pamitan marang mas Bayu aku mlebu mobil sing
lawange wis dibukakake dene Pak Pur, sopir sing bakal ngeterake aku. Rasane ing
ati isih abot ninggalake tlatah iki, sak durunge sempat aku mlebu mas Bayu
nyeluk aku maneh
“Dinda… aku bakal sowan menyang omahe Dinda yen aku
wis bali menyang tlatah Jawa, aku janji Din, entenono aku”
“Injih mas, Dinda
rantos mas Bayu”. Aku mesem dak lambekake tanganku marang wong-wong ing
mengkene lan mas Bayu.
Wis
ana sewulan aku bali menyang omah tlatah Jawa, nanging kayata ora kaya sing dak
impekne, mas Bagus wis ora kaya mbiyen, iki kayata sing kudu dak trima oranate
tak piker yen mas Bagus secepet iku nandur tresno marang wong liya yaiku marang
Eny. Aku lagi ngerti saka mas Fikri weruh dewe yen mas Bagus lan Eny dhuweni
sesambungan sing raket. Aku isih ileng wulan kepungkur mas Bagus ngenteni
tekaku ing Djuanda, isih ileng marang layang-layang sing dikirim kanggo aku,
isih kelingan biyen jaluk pangapuraku amerga wis ninggalake aku. Atiku tansaya
rengka yen kelingan cerita-cerita biyen aku lan mas Bagus lumetes iluhku nelesi
pipi, nyatane mas Bagus ora kena dipercaya nanging, iki pancen sing kudu dak
tampa mas Bagus dudu jodoku sing wis katulis ing lauh mahfuz.
Sesambungan
sing ana ing antarane dhewe iki ora kaya wit jati singiso kuat ing mangsa
ketiga, nanging kaya wohe randu sing mletek mabul-mabul keterak angina ilang.
Aku
salah dhuweni pangarepan marang sliramu, dak enteni piro suwene myatane ora
kaya sing tak impekake. Sliramu nate nandur janji marang aku nganti saiki isih
tak ileng janjimu nanging sliramu musti lungikar limiting ukara.
Wes
tak coba ngerteni sliramu, tak jaga ati iki nanging sliramu ora nate ngerti…
ngerti ora yen aku nate netesake iluhku yen ileng janjimu biyen? Ngerti ora yen
aku isih dhuweni rasa marang sliramu nanging rasa iki wis dadi siji karo lara
atiku.
Ora
gampang kanggo aku njabut rasa iki, ora segampang nek mu njabut telo ana ing
kebun. Ngene iki yen aku wes kandha opo sing bakal kok lakokake kanngge aku?
Ning atiku wis kadung renok rempu, nek mu jaluk sepura gampang, nek mu ngucap
janji gampang, nanging ing nyatane kuwi kabeh ora ana apa-apane.
Siji panjalukku aja sok ngumbar
janji yen nyatane sliramu ora bisa, aja ngwenehi pangarepan marang wong yen
mbesoke kok tinggalake.”
“Din,
matur suwon sliramu wis ngwenehi aku kesempatan wis gelem ngwenehi secuil
driyamu kangge aku. Aku ora bisa janji yen aku ora ngelarani panggalihmu
nanging aku bakal usaha ora nganti dadekake panggalihmu tansah rengka amerga
katresnaku marang sliramu gedhe lan bakal kuat kaya dhene wit jati. Wit klapa
sing dak tandur pirang tahun kepungkur bakale semampir ing ngarep omahmu lan
kita miwiti urip kang anyar, bebarengan ngadepi susah seneng sendingan
saklawase nganti kita bisa dadi siji ing akhirat. Insyaallah Gusti ngestoake
aku lan sliramu. Bayu lan Dinda”